Contoh Pambagyaharja ing Acara Halal Bihalal
Assalamu’alaikum
wr wb
Kawilujengan karaharjan berkah saha
rakhmad kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin
sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautaman
Ø para alim, para ulama ingkang tansah cinaketan ing reh kautamaning budi kinuntunan
mring kitab suci ingkang tansah kula mulyaakan saha ingkang tuhu kinabekten
Ø maggalaning praja satriya pangembating nagari ingkang
tuhu berbudi bawa leksana,
Ø Para
pangarsa Organisasi kemasyarakatan ingkang kinurmatan
Ø Pangarsa
Permadani Kabupaten Wonosobo ingkang lebda ing pitutur,
Ø para kadang mudha madya werda saha
keluwarga agung permadani Kabupaten Wonosobo ingkang sinangkeban talining pasedherekan bhineka tunggal
ika, tanhama darma mangrowa, ingkang bagya lan mulya
Ø para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah sinugata
sagunging kaurmatan,
Nglenggana bilih
panjenengan lan kula jejering titah sawantah jalma manungsa
limrah ingkang tansah kapurba kawesa dining gusti ingkang
maha wikan sumangga kula dherekaken hangonjukaken puja pudyastawa
sahandhap pepadaning Gusti Ingkang
Maha Agung, ingkang saking
keparengipun ing ari kalenggahan menika saged kempal manunggal kanthi
widada kalis ing sakehing durgama, wilujeng
rahayu, inggih awit saking menika minangka
wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Shalawat saha salam dalah karahayon mugi tansah lumeber dhumateng
priyagung paunggulaning manungsa mustikaning bawana, Nabi agung, Rasulullah
Muhammad S.A.W dalah kaluarga sumrambah para sahabat, ,sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya
dalasan kula ingkang tansah hangantu songsong pangayomaning fiddunya wal akhirah. Amin
Sakderengipun nglajengaken atur, kaparenga
ngaturaken takoballohu mina waminkum Minal ‘aidin wal faidzin,.
Salajengipun kula nyuwun
ing deduka tinebihna ing tolak balik, Kula cumanthaka ngadeg ngabyantara matur
wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamerdhikan nyahak wewenang nyigeg
sawetasis anggen panjengenan eca sekeca wawan sabda, awit ing kalenggahan
menika kula minangka raga sambeting wicara talanging basa, para
panawung kridha, .ngaturaken pambagya
harja sugeng rawuh sugeng lenggah kanthi suka merdhikaning penggalih ngantos paripurnaning adicara ing mangke, saha boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang
tanpa winates, dene panjenengan sedaya priyagung ingkang tansah kabujung ing
bot repoting bebrayan agung, saha kaliput ing sarwining pakaryan, parandene tasih kepareng mirunggaaken wekdal ngrawuhi wontenipun ing adicara menika,
Sagung para rawuh
kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.
Dene awit paring
idi pangestu saking panjenengan sedaya adicara punika saged kaleksanan kanthi widada nirbaya nir wikala.
Sagung Para rawuh
ingkang sinugata sagunging kaurmatan,
Estunipun tumapaking
gati adicara
ing siang punika saged kaleksanan kanthi rancak jumbuh
ingkang ginayuh, .sembada ingkang sinedya, sayekti ingkang kaesti, mboten sanes
inggih awit saking panyengkuyung para kadang, ugi warga permadani, ingkang arupi bandha beya bau suku miwah iguh pratikel twin
sapiturutipun, ingkang mboten saged kasebat setunggal mboko setunggal, satemah
saged damel rancaking adicara wiwit purwa, madya dumugining ndhata ing
wekdal punika, saking menika kula
minangka sulih saking kadang panawung kridha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi-mugi paring pambiyantu panjenengan sedaya kacathet
minangka ngamal ngibadah saha nampi piwales ingkang timbang destun
hanglangkungana.
Ing mangke katur dhumateng pangarsa permadani
Kabupaten Wonosobo saha Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten
Wonosobo kasuwun kersa paring pangandikan utawi medhar sabda ing adicara
punika.
Para tamu ingkang
kinurmatan
Kula sakadang namung jejering titah sawantah jalma limprah ingkang
winates salwiring panjangkah satemah dumugining adicara punika tasih kantha khithal kuciwanipun utaminipun ingkang
sambet titrah panampining panjenengan sedaya ingkang lirang tata
karma saha sanesipun sedaya kalau wau kula
sakadang namung saged nyadong.nyuwun
rumentahing samudra pangaksami.
Semanten ugi
ingkang tinandhuk wonten jasad kula minangka raga sambeting wicara para
kadang panawung kridha jejering kula tiyang ingkang kirang
ing seserepan miwah asor ing samukawis, kirang jangkeping
pamatur kula kanthah ingkang nalingsir ing paugeran, miwah kirang suba sita
anggen kula lumarap atur, ingkang tan bangkit mangun suka reraning penggalih sagung
para rawuh kakung sumawana putri, kanthi
andhap asoring manah mugi kepareng panjenengan mbedhahna telenging samodra
hanyempyakna tirta pangaksami dateng jasad kula.
Tebak siti wohing
dami biinungkus roning klapa Kula
tansah hanglenggana apuranto sedaya lepat kawula, Minangka puput pepet
pepunthoning atur, kepareng kula memuja puji mandarmaning sesanti, gangga
gangga tri gangga durga mendhak kala
sirna, hamung widada mulya ingkang tansah kinanthiya
Wasana “ Ihdinassiratalmustaqim, wabillahitaufik
walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Komentar
Posting Komentar