PAMBAGYAHARJA KHITAN + KHATAMAN QURAN
Assalamu’alaikum
wr wb
Kawilujengan karaharjan berkah saha
rakhmad kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin
sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautaman
Ø para alim, para ulama ingkang tansah cinaketan ing reh kautamaning budi kinuntunan
mring kitab suci Langkung-langkung wonten ngarsanipun
almukharam Bapa Kyai Toha ingkang tansah kula dhereki
menggah sabdatamanipun saha ingkang tuhu
kinabekten
Ø Para
Ustad saha ustadzah ingkang sinugata ing kautmatan
Ø Pangemban
pangembat praja mliginipun dhumateng bapa Muzamil, ingkang pantes sinudarsana
Ø para kadang mudha madya werda saha
panawung kridha darma ingkang sinangkeban
talining pasedherekan bhineka tunggal ika, tanhama darma mangrowa, ingkang
kinurmatan
Ø para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah sinugata
sagunging kaurmatan,
Nglenggana bilih
panjenengan lan kula jejering titah sawantah jalma limrah ingkang tansah
kapurba kawesa dining gusti ingkang maha wikan sumangga kula dherekaken
hangonjukaken puja pudyastawa sahandhap
pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang saking keparengipun dalu kalenggahan menika saged kempal manunggal angestreni
tumapaking gati Khataman Quran punika, kanthi widada kalis ing sakehing
durgama, wilujeng rahayu, inggih awit saking menika minangka wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Shalawat saha salam dalah karahayon mugi tansah lumeber dhumateng
priyagung paunggulaning manungsa mustikaning bawana, Nabi agung, nabi pepunthoning
zaman nun inggih Rasulullah Muhammad S.A.W dalah kaluarga
sumrambah para sahabat, ,sagung
pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula ingkang tansah hangantu songsong pangayomaning fiddunya wal akhirah. Amin
Salajengipun kula nyuwun
ing deduka tinebihna ing tolak balik, Kula cumanthaka ngadeg ngabyantara matur
wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamerdhikan nyahak wewenang nyigeg
sawetasis anggen panjengenan eca sekeca wawan sabda, awit mundhi dhawuh tinimbalanipun
bapa Sukur Mardiono ing kalenggahan menika kula kapiji kanthi minangka raga
sambeting wicara talanging basa, panjenenganipun BpSukur
Mardiono.ngaturaken pambagya
harja sugeng rawuh.
Mboten karana panjenenganipun Sukur Sumardi kirang wasis ngracik basa twin sastra, namung awit saking
bombong, mongkog birawaning manah, nampi rawuh
panjenengan sedaya saha nampi paringipun sih katresnan miwah sih kadarman ingkang
arupi punapa kemawon, sedaya sabda pangandikanipun
ingkang sampun karancang kaenamnam ngantos kathirik –thirik. Sedaya boten
kawijil ing lesan, namung kandheg ing
kathiking jangga tembeng-tembeng ing telenging wardaya, senadyan
saklimah kemawon ewa mboten kawawa ngenandika, setemah namung sedhakep anungku
jangga, legeg-legeg kadya tugu sinukarta.
Karana
ing mriki kula minangka sulih
salira saking
kadang kula pun Sukur MArdiono ingkang
sepisan ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sedaya, sugeng lenggah kanthi suka merdhikaning
penggalih ngantos paripurnaning Khataman
Quran ing mangke, saha boten
kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa winates, dene panjenengan
sedaya priyagung ingkang tansah kabujung ing bot repoting pebrayan agung, saha kaliput ing sarwining pakaryan, parandene sinaosa ndalu tasih kepareng mirunggaaken wekdal ngrawuhi wontenipun adicara menika,
Sagung para tamu
baraya agung ing laladan madukoro ingkang
dhahat kinurmatan.
Kados sampun kacetha wonten ing sedhahan punapa lumantar para kadang panawung kridha ingkang
ngabyantara sowan wonten dalem
panjenengan sowang sowang, bilih ing wekdal punika Bapa
Sukur
Mardiono asung netepi darmaning
asepuh ngislamaken
saha khitanaken atmaja kakungipun
asesilih anak mas Arfan
Zalafi Mahdi. Kasuwun
ing mangke Bapa Kyai Toha kersaha Ngislamaken Nak Mas Argan Zalafi Mahdi Wondene khitanan badhe kaleksanan titi wanci ari enjang surya
kaping 7 wulan Mei .warsa 1013 mapan wonten . . . . . . .
Saking menika panjengenan
sedaya kasuwun rawuh ing dalu menika mboten sanes kasuwun hanyekseni anggenipun maos
sahadad minangka tandha leres-leres sampun Islam saestu, saha nyuwun doa pangestu mugi-mugi ing mangke ugi khitan ing
mangke kaleksanan kanti widada
nirbaya nir wikala. Lan salajengipun nak mas Arfan Zalafi Mahdi anggenipun wonten pabrayan , wiwit purwa madya dumugining wasana tansah manggih
bagya mulya tinebihna ing rubeda kalis ing sambikala, tansah
setya mituhu saha bekti dumateng tiyang sepuhipun, ugi gurunipun migunani
tumrap Agama,
nusa lan bangsa.
Sagung Para tamu
ingkang sinugata sagunging kaurmatan,
Estunipun tumapaking
gati upacara khataman ing dalu
punika saged kaleksanan kanthi rancak jumbuh ingkang
ginayuh, .sembada ingkang sinedya, sayekti ingkang kaesti, mboten sanes inggih awit
saking panyengkuyung para kadang, sanak rowang miwah tanggi tepalih, ingkang
arupi bandha beya bau suku miwah iguh pratikel twin sapiturutipun, ingkang
mboten saged kasebat setunggal mboko setunggal, satemah saged damel rancaking adicara
wiwit purwa, madya dumugining ndhata ing
wekdal punika, saking menika
panjenenganipun bapa Sukur Mardiono ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mboten katalompen bapa Sukur MArdiono ngaturaken gunging panuwin ingkat tanpa
winates dumateng para Ustad saha ustadzah ingkang sampun hangggulawentah
putranipun satemah ing ndata saged khatam Quran menika. Bapa Sukur Mardiono mboten saged atur piwales ingkang jumbuh kaliyan paring
pambiyantu panjenengan sedaya, namung kanthi panggrantesing manah
nyuwun dhumateng ngarsa dalem gusti ingkang maha agung
mugi-mugi paring pambiyantu saha panggulkowentah panjenengan sedaya kacathet minangka ngamal ngibadah saha
nampi piwales ingkang timbang sukur hanglangkungana.
Para tamu ingkang
kinurmatan
Estunipun sampun
sawatawis dangu anggenipun bapa
Sukur Mardiono anggenipun
ngarancang angenamnam murih titilaksana ing dalu menika mboten nguciwani para tamu, parandene bapa Sukur Mardiono namung jejering titah sawantah jalma limprah ingkang
winates salwiring panjangkah satemah dumugining ndhata tasih kantha khithal
kuciwanipun utaminipun ingkang sambet titrah kaliyan panampining tamu inggih boja krama
lan sasana. Boja ateges atur pasedahan
ingkang kirang miraos, mboten jumbuh kaliyan palenggahan panjenengan sedaya. Krama, subasitaning para kadang among tamu ambembaga
ingkang nilar deduga lan prayoga satemah hanggempil kamardhikan panjenengan
sedaya, wondene Sasana ateges papan
ingkang sawetawis cupat kapara panjenengan dipun lenggahaken wonten pelataran
njawi, sedaya kalau wau panjenenganipun bapa
Sukur
Sumardi namung saged nyadhong.nyuwun rumentahing samudra pangaksami.
Semanten ugi
ingkang tinandhuk wonten jasad kula minangka raga sambeting wicara Bapa Sukur
Sumardi.,jejering kula tiyang
ingkang kirang
ing seserepan, kirang jangkeping pamatur kula kanthah
ingkang nalingsir ing paugeran, miwah kirang suba sita anggen kula lumarap atur,
ingkang tan bangkit mangun suka reraning penggalih sagung para tamu, kanthi andhap
asoring manah mugi kepareng panjenengan mbedhahna telenging samodra hanyempyakna
tirta pangaksami dateng jasad kula.
Tebak siti wohing
dami biinungkus roning klapa Kula
tansah hanglenggana apuranto sedaya lepat kawula, Minangka puput pepet
pepunthoning atur, kepareng kula memuja puji mandarmaning sesanti, gangga
gangga tri gangga durga mendhak kala
sirna, hamung widada mulya ingkang tansah kinanthiya
Wasana “ Ihdinassiratalmustaqim, wabillahitaufik
walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Komentar
Posting Komentar