PAMBAGYAHARJA TANGGAP WARSA
Assalamu’alaikum
wr wb
Kawelasan sih saking Gusti Ingkang Maha welas maha asih, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga, widada niskala lulus raharja
Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautaman,
para alim, para ulama ingkang tuhu kinabekten
Ø Bapak Ibu Guru ingkang tansah memardi mring mardawaning ngelmu
ingkang kinurmatan
Ø para kadang mudha madya werda ingkang cinaket ing manah
Ø para rawuh kakung sumawana putri ingkang kula mulyaaken
Nglenggana bilih
panjenengan lan kula jejering titah sawantah jalma limrah ingkang tansah
kapurba kawesa dining gusti ingkang maha wikan sumangga kula dherekaken
hangonjukaken puja puji syukur wonten
ngarsa Allah, ingkang saking keparengipun ing kalenggahan menika panjenengan
lan kula saged kempal manunggal angestreni pahargyan tanggap warsanipun Mas. . . . .. . . . punika, kanthi
widada kalis ing rubeda, wilujeng rahayu, inggih awit saking menika minangka wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Salajengipun kula nyuwun
ing deduka tinebihna ing tolak balik, Kula cumanthaka ngadeg ngabyantara matur
wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah nggempil kamerdhikan, nyigeg sawetasis
anggen panjengenan eca sekeca wawan sabda, awit mundhi dhawuh tinimbalanipun Mas.
. . . . . .. . ing kalenggahan menika kula kapiji kanthi minangka talanging basa, panjenenganipun mas. . . . . . .. . .ngaturaken pambagya harja
sugeng rawuh..
Kula minangka sulih salira mas . . . . .. . . . ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh
panjenengan sedaya, sugeng lenggah kanthi suka merdhikaning penggalih ngantos
paripurnaning pawiwahan ing mangke, saha boten kesupen ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa winates, dene panjenengan sedaya tasih kepareng
mirunggaaken wekdal ngrawuhi wontenipun ing pahargyan menika,
Sagung para rawuh
kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.
mas . . .
. . . .. . . kaleres ing dinten menika minangka dinten tanggap warsanipun
ingkang kaping . . . . . .
. Saking menika panjengenan
sedaya kasuwun rawuh ing pahargyan ing siang menika mboten sanes kasuwun idi
pangestunipun mugi-mugi Mas. . . . .
. .anggenipun arsa lelumban ing samudraning bebrayan wiwit purwa madya
dumugining wasana tansah manggih bagya mulya tinebihna ing rubeda kalis ing
sambikala, tansah jumbuh ingkang ginayuh. pinaringan rejeki ingkang halalan
toyiban,
Sagung Para rawuh
ingkang sinugata sagunging kaurmatan,
Para tamu ingkang
kinurmatan
Mas. . . . . .
.tansah nyuwun pangaksami awit saking panampining tamu kirang tata krami,
kalenggahan ingkang mboten sekeca, saha sugata ingkang kirang miraos, mboten
jumbuh kaliyan palenggahan panjenengan sedaya kala wau panjenenganipun mas .. . . . .. . . namung saged nyadong.nyuwun rumentahing samudra pangaksami.
Semanten ugi
ingkang tinandhuk wonten kula minangka raga sambeting wicara mas
. . . .. . . . .,jejering kula tiyang ingkang cubluk ambelilu,
kothong ing seserepan miwah asor ing samukawis, kirang jangkeping pamatur kula kanthah
ingkang nalingsir ing paugeran, miwah kirang suba sita anggen kula lumarap atur,
ingkang tan bangkit mangun suka reraning penggalih sagung para rawuh kakung sumawana
putri, kanthi andhap asoring manah mugi
kepareng panjenengan maringi pangaksami dateng kula.
Tebak siti wohing
dami biinungkus roning klapa apuranta sedaya
lepat kawula, Minangka pepunthoning atur, kepareng kula memuja puji mandarmaning
sesanti, gangga gangga tri gangga durga
mendhak kala sirna, hamung widada mulya ingkang tansah kinanthiya
Wasana “ Ihdinassiratalmustaqim, wabillahitaufik
walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Komentar
Posting Komentar