PAMBAGYAHARJA TANGGAP WARSA
Assalamu’alaikum wr wb Kawelasan sih saking Gusti Ingkang Maha welas maha asih , mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga, widada niskala lulus raharja Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh , ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautaman, para alim, para ulama ingkang tuhu kinabekten Ø Bapak Ibu Guru ingkang tansah memardi mring mardawaning ngelmu ingkang kinurmatan Ø para kadang mudha madya werda ingkang cinaket ing manah Ø para rawuh kakung sumawana putri ingkang kula mulyaaken Nglenggana bilih panjenengan lan kula jejering titah sawantah jalma limrah ingkang tansah kapurba kawesa dining gusti ingkang maha wikan sumangga kula dherekaken hangonjukaken puja puji syukur wonten ngarsa Allah, ingkang saking keparengipun ing kalenggahan menika panjenengan lan kula saged kempal manunggal angestreni pahargyan tanggap warsanipun Mas . . ....