PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN PENGANTEN
Assalamu’alaikum
wr wb
Kawilujengan karaharjan berkah saha
rakhmad kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin
sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautaman
Ø para alim, para ulama ingkang tansah cinaketan ing reh kautamaning budi kinuntunan
mring kitab suci ingkang tansah kula mulyakan/dhereki menggah sabdatamanipun/maudhal
khasanahipun saha ingkang tuhu kinabekten
Ø maggalaning praja satriya pangembating nagari ingkang
tuhu berbudi bawa leksana, langkung-langkung dhumateng bapak Bupati/camat/lurah/kades....lsp ingkang pantes
sinudarsana
Ø para trahing budaya adi luhung ingkang tansah memardi
mring mardawaning budya, langkung-langkung dhumateng bapa ....
Ø para kadang mudha madya werda ingkang sinangkeban
talining pasedherekan bhineka tunggal ika, tanhama darma mangrowa, ingkang
kinurmatan
Ø para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah sinugata
sagunging kaurmatan, langkung-langkung panjeneganipun Bapa . . . . . . . .(.besan) sumrambah dhateng pangombyong
penganten kakung ingkang kula mulyaaken
Nglenggana bilih
panjenengan lan kula jejering titah sawantah jalma limrah ingkang tansah
kapurba kawesa dining gusti ingkang maha wikan sumangga kula dherekaken
hangonjukaken puja pudyastawa sahandhap
pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang saking keparengipun ing ari/ratri kalenggahan menika saged
kempal manunggal angestreni tumapaking gati upacara pahargyan/pawiwahan
dauping penganten punika, kanthi widada kalis ing sakehing
durgama, wilujeng rahayu, inggih awit saking menika minangka wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Shalawat saha salam dalah karahayon mugi tansah lumeber dhumateng
priyagung paunggulaning manungsa mustikaning bawana, Nabi agung, nabi akhir zaman nun
inggih Rasulullah Muhammad
S.A.W dalah kaluarga sumrambah para sahabat, ,sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya
dalasan kula ingkang tansah hangantu songsong pangayomaning fiddunya wal akhirah. Amin
Salajengipun kula nyuwun
ing deduka tinebihna ing tolak balik, Kula cumanthaka ngadeg ngabyantara matur
wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamerdhikan nyahak wewenang nyigeg
sawetasis anggen panjengenan eca sekeca wawan sabda, awit mundhi dhawuh tinimbalanipun
rakamas/bapa . . . ing kalenggahan menika kula kapiji kanthi minangka raga
sambeting wicara talanging basa, panjenenganipun rakamas/Bapa. . . .ngaturaken
pambagya harja sugeng rawuh. Mboten karana panjenenganipun raka mas/bapa. . . .kirang
wasis ngracik basa twin sastra, namung awit saking bombong, mongkog birawaning
penggalih, nampi rawuh panjenengan sedaya saha
nampi paringipun sih katresnan miwah sih kadarman ingkang arupi punapa kemawon, sedaya sabda pangandikanipun ingkang sampun
karancang kaenamnam ngantos kathirik –thirik. Sedaya boten kawijil ing lesan,
namung kahandheg ing kathiking jangga
tembeng-tembeng ing telenging wardaya, senadyan saklimah kemawon ewa mboten
kawawa ngenandika, setemah namung sedhakep anungku jangga, legeg-legeg kadya
tugu sinukarta.
Kranten mriki kula minangka sulih salira dining kang raka mas/bapa. . . . . ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh panjenengan
sedaya, sugeng lenggah kanthi suka merdhikaning penggalih ngantos paripurnaning
pawiwahan/pahargyan ing mangke, saha
boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa winates, dene panjenengan
sedaya priyagung ingkang tansah kabujung ing bot repoting bebrayan agung, saha
kaliput ing sarwining pakaryan, parandene
tasih kepareng mirunggaaken
wekdal ngrawuhi wontenipun ing
pahargyan menika,
Sagung para rawuh
kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.
Kados sampun kaserat/kacetha wonten ing kintaka
wara/sedhahan punapa lumantar
para kadang panawung kridha ingkang ngabyantara
sowan wonten dalem panjenengan sowang sowang, bilih ing wekdal punika raka mas/bapa . . . . asung netepi darmaning asepuh amahargya siwi amerwata suta, ndhaupaken atmaja putri ingkang mijil
pambayun asesilih nak mas ayu/nimas ayu . .
. . . . . . ingkang sampun kepareng ijab kabul saha dhaup kaliyan nak mas bagus
. . . . atmaja panenggakipun (no 2) pandodo (no 3) panengah bapa . . . .
ingkang lenggah dedalem wonten . . . .
wondene rumapaking gati saha ijab kabulipun penganten kekalih sampun
kalaksanakan titi wanci ari/injang/ratri .. . . . . .tabuh kaping . . . .WNIP .
. .surya. . . . .warsa . ..
mapan wonten pendhapi
agung . . .dalem ageng . . . .mriki, kinanthenan sineksen dining para sepuh miwah sesepuh saha
cinathet ing ngarsaning rat pradhata agami Islam pangarsa KUA kecamatan. . .
Dene awit paring
idi pangestu saking panjenengan sedaya tumapaking gati upacara ijab kabuling
penganten sampun kaleksanan kanthi widada nirbaya nir wikala. Saking menika panjengenan
sedaya kasuwun rawuh ing pahargyan ing siang menika mboten sanes kasuwun idi
pangestunipun mugi-mugi penganten kekalih anggenipun arsa mbeber layar lelumban
ing samudraning bebrayan agung balewisma, wiwit purwa madya dumugining wasana tansah
manggih bagya mulya tinebihna ing rubeda kalis ing sambikala, tansah pinaringan
rejeki ingkang halalan toyiban, satemah
saged memangun bebrayan kinanthen sakinah mawahdah warohmah. Tembenipun enggal
pinaringan putra putri ingkang soleh solehah minangka wiji sunu wohing
katresnan.
Sagung Para rawuh
ingkang sinugata sagunging kaurmatan,
Estunipun tumapaking
gati upacara pahargyan ing siang punika saged kaleksanan kanthi rancak jumbuh
ingkang ginayuh, .sembada ingkang sinedya, sayekti ingkang kaesti, mboten sanes
inggih awit saking panyengkuyung para kadang, para mitra karuh sanak rowang
miwah tanggi tepalih, ingkang arupi bandha beya bau suku miwah iguh pratikel twin
sapiturutipun, ingkang mboten saged kasebat setunggal mboko setunggal, satemah
saged damel rancaking pawiwahan wiwit purwa, madya dumugining ndhoto ing wekdal
punika, saking menika panjenenganipun raka
mas/bapa. . . . .ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan/upami, raka
mas/bapa . . . . . .mboten saged
atur piwales ingkang timbang/jumbuh/satraju kaliyan paring pambiyantu
panjenengan sedaya, namung kanthi panggrantesing penggalih nyuwun dhumateng
ngarsa dalem gusti ingkang maha agung/gusti
ingkang maha mirah/wikan/selas asih/kuwaos mugi-mugi paring pambiyantu panjenengan
sedaya kacathet minangka ngamal ngibadah saha nampi piwales ingkang timbang
destun (sukur) hanglangkungana.
Para tamu ingkang
kinurmatan
Estunipun sampun
sawatawis dangu anggenipun raka mas/bapa. . . . . . anggenipun ngarancang
angenamnam angracik ngantos kathirik thirik murih pahargyan ing siang menika mboten/datan nguciwani sagung para tamu kakung
sumawana putri, parandene raka mas/bapa. . . . .namung jejering titah
sawantah jalma limprah ingkang winates salwiring panjangkah satemah dumugining
ndhata tasih kantha khithal kuciwanipun utaminipun ingkang sambet titrah kaliyan
panampining tamu inggih boja krama
lan sasana. Boja ateges atur pasedahan
ingkang kirang miraos, mboten jumbuh kaliyan palenggahan panjenengan sedaya. Krama, subasitaning para kadang among tamu ambembaga
ingkang nilar deduga lan prayoga satemah hanggempil kamardhikan panjenengan
sedaya, wondene Sasana ateges papan
ingkang sawetawis cupat kapara panjenengan dipun lenggahaken wonten pelataran
njawi, sedaya kalau wau panjenenganipun raka
mas/bapa. . . namung saged
nyadong.nyuwun rumentahing samudra pangaksami.
Semanten ugi
ingkang tinandhuk wonten jasad kula minangka raga sambeting wicara Raka mas/Bapa. . . . .,jejering kula tiyang ingkang cubluk ambelilu, kothong
ing seserepan miwah asor ing samukawis, kirang jangkeping pamatur kula kanthah
ingkang nalingsir ing paugeran, miwah kirang suba sita anggen kula lumarap atur,
ingkang tan bangkit mangun suka reraning penggalih sagung para rawuh kakung sumawana
putri, kanthi andhap asoring manah mugi
kepareng panjenengan mbedhahna telenging samodra hanyempyakna tirta pangaksami
dateng jasad kula.
Tebak siti wohing
dami biinungkus roning klapa Kula
tansah hanglenggana apuranto sedaya lepat kawula, Minangka puput pepet
pepunthoning atur, kepareng kula memuja puji mandarmaning sesanti, gangga
gangga tri gangga durga mendhak kala
sirna, hamung widada mulya ingkang tansah kinanthiya
Wasana “ Ihdinassiratalmustaqim, wabillahitaufik
walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Komentar
Posting Komentar