Contoh PAMBAGYAHARJA
Assalamu’alaikum
wr wb
Muqadimah
Mugi-mugi kawilujengan karaharjan berkah saha
rakhmad kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin
sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
Ø Para ,sesepuh saha pinisepuh, ingkang hanggung mestuti dimatengh pepoyaning kautaman
Ø para alim, para ulama ingkang tandaha cinaketan ing reh kautamaning budi kinuntukan
mring kitab suci ingkang tansah kula mulyakan/dhereki menggah
sabdatamanipun/maudhal khasanahipun
Ø maggalalning praja satriya pangembating nagari ingkang
tuhu berbudi bawa lekso\ana, langkung-langkiung dumaten camat....lsp
Ø para trahing budaya adi luhung ingkang tansah memardi
mring mardawaning budya, langkung-langkung dumateng bapa ....
Ø para kadang mudya madya meing werda ingkang sinangkban
talining pasederekan bhineka tunggal ika / tanhama darma mangrowa siswa
pawiyatan panatacara twin pamedhar sabda bergada IX Permadani kabupaten Wonosobo,
ingkang tansah cinaket ing manah, kinangkeb ing kekadangan saha tinansulan raos
pasedherekan rinonce sekaring katresnan
Kula lan panjenengan namung jejer manungsa lumrah ingkang
tansah sendhe sumendhe saha ngantu antu berkahing Gusti, langkung rumiyin
sumangga kula dherekaken hangonjukaken puja pudyastawa sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, kacihna ingkang sampun mawurahan
hangluberaken sih katrisnanipun ingkang
awujud pangayoman, bagas
kwarasan, karaharjan, kabagyan saha ombering wekdal, satemah anjalari panjenengan
sedaya dalasan kula saget pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi
widada kalis ing sakehing durgama, wilujeng
rahayu, inggih awit saking menika minangka
wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Shalawat
saha salam dalah karahayon mugi tansah
lumeber dhumateng priyagung
paunggulaning manungsa mustikaning bawana nun
inggih Rasulullah
Muhammad S.A.W dalah kaluarga sumrambah para sahabat, ,sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya
dalasan kula ingkang tansah hangantu songsong pangayomaning fiddunya wal akhirah. Amin
Ngatururaken pambagya wilujeng, sugeng rawuh wonten griya kula dumateng para
dwija saha panjenengan sedaya Siswa Gladhen kelompok Gladen Wijaya Kusuma.
Bapa Dwija ingkang dahat kinurmatan dalah para
kadang siswa, ingkang sulistya ing budi.
Kula sakeluarga
ngaturaken gunging panuwun saking rawuh panjenengan sedaya wonten griya kula ing
sonten menika, kula pidados bilih rawuh panjenengan tansah mbeta berkah kautaman
tumrap kula sakeluarga, awit saking alelambaran niat kang suci nun inggih niat silaturahim,
minangka dados margi, ngraketaken, nyupeketaken ing pasrawungan, satemah
ndadosaken anggen memitran saha pasedherekan satuhu lestantun wonten bebrayan
ing alam sawehung
Dene rawuh
panjengengan sedaya, kejawi niat silaturahim kasebat, ugi mbok bilih ngemu wigatos
nun inggih netepi punapa ingkang sampun dipun sarujuki bilih wekdal dinten menika
kaleres anggenipun gladhen mapan wonten panggenan kula.
Kula sanget
anggenipun suka parisuka, dene panjenengan sedaya kersa rawuh minangka ngayahi gladhen
ingkang mapan wonten griya kula.
Mugi tumapaking
acara gladhen ing mangke tansah pikantuk pepayunging Gusti satemah pinaringan gangsar saha gancar samudayanipun.
Mboten supe kula minangka
ingkang kapanggenan gladhen nyuwun gunging pangaksama dumateng panjenengan
sedaya awit saking kirangipun panampi, papan
saha kalenggahan ingkang mboten sekeca saha cumawisipun piranti gladhen ingkang
prasaja, sarta cupeting saha sepelening sugata, dalasan maneka warna kekirangan
anggen kula nampi panjenengan. Mugi panjenengan sedaya sukalila maringi
pangaksama, kalebet saking kirangipun trapsila, kirang tata krama, solah bawa
ingkang sembrana saha kirang suba sita anggen kula nampi rawuh panjenengan
satemah ndamel cuwa kuciwaning penggalih wasana mboten saged ndamel suka
renaning penggalih panjenengan.
Pramila saking menika
kula hamung sanget ngaturaken jenang sela, sela kang apinda ancala, apuranta
cinandhi salam lama.
Sakderengipun mungkasi
atur, wasana kula piyambak wondene wonten wijang wijiling wicara, klenta
klentinipun tembung, tumpang suhipun basa, saha galap gangsuling ukara, punapa
dene sigug wagu kirang tatakrami, nyuwun gunging pangaksama awit mbok bilih
anggen kula matur ndadosaken mboten rena
ing penggalih panjenengan sedaya.
Minangka
panutuping atur “ ihdinassiratalmustaqim,
wabillahitaufik walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Komentar
Posting Komentar