Contoh PANGANDIKA ING UPACARA PANGLAMAR
Ing upacara panglamar, namung winates kulawarga,
sesepuh/RT/RW saha dhuta saking panglamar, rehning namung pepanggihan kulawarga
lajeng mboten mawi paraga panatacara.
Sesampunipun dhuta panglamar rawuh, katuran lenggah tumuli
lajeng :
- Babaring pangandikan ingkang kagungan dalem/utusan
- Pangandika dhuta panglamar
- Wangsulan ingkang kagungan dalem/utusan
- Dhuta panglamar sakadang pendherek kasugata sawetawis
- Pamitan dhuta panglamar
- Hananggapi pamit.
Atur Pambagya Ingkang Kagungan Dalem.
1.
Menawi dipun adani piyambak ingkang kagungan galem
Assaalamu’alaikum wr. wb.
Muqadimah
Para Bapak twin para kadang ingkang dhahat kinurmatan,
kanthi tansah muji syukur wanten ngarsa dalem Allah SWT, kula ngaturaken
pambagya wilujeng, sugeng rawuh, panjenengan sedaya, sampun kersa rawuh griya
kula, mugi lenggah kanthi merdikaning penggalih.
Dipun tepangaken rumiyin, nami kula
....................(ingkang kagungan dalem) dene menika bojo/semah kula
.............(sisihanipun ingkang kagungan dalem)
(lajeng dipun tepangaken setunggal mbaka setunggal sinten
kemawon ingkang lenggah ndherek nampi dhuta panglamar kasebat)
Kula sakeluarga nyuwun gunging pangaksami, mbokmenawi anggen
kula nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kekirangan saha kalepatan ingkang
mboten damel suka renaning penggalih.
Selajengipun, kula
pitados bilih rawuh panjenengan wonten wigati ingkang badhe kababar. Pramila
menawi sampun wonten keparengipun, sumangga kababarna wigatosing sedya
panjenengan rawuh griya kula, sumangga.
2.
Menawi ingkang kagungan galem dipun sulihi dening sanes
Assaalamu’alaikum wr. wb.
Muqadimah
Para Bapak twin para kadang ingkang dhahat kinurmatan,
kanthi tansah muji syukur wanten ngarsa dalem Allah SWT, kula ngaturaken
pambagya wilujeng, sugeng rawuh, panjenengan sedaya, sampun kersa rawuh wonten
dalemipin bapa ....................(ingkang kagungan dalem), mugi lenggah
kanthi merdikaning penggalih.
Dipun tepangaken rumiyin, nami kula .........minangka
sesulih saking bapa ....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu
.......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem)
(lajeng dipun tepangaken setunggal mbaka setunggal sinten
kemawon ingkang lenggah ndherek nampi dhuta panglamar kasebat)
Bapa ....................(ingkang kagungan dalem) saha
Ibu .......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem) nyuwun gunging pangaksami,
mbokmenawi anggen nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kekirangan saha kalepatan
ingkang mboten damel suka renaning penggalih.
Selajengipun, kula
pitados bilih rawuh panjenengan wonten wigati ingkang badhe kababar. Pramila
menawi sampun wonten keparengipun, sumangga kababarna wigatosing sedya
panjenengan rawuh wonten ngarsa bapa ....................(ingkang kagungan
dalem) saha Ibu .......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem), sumangga.
Pangandikanipun Dhuta Panglamar
Assalamu’alaikum wr wb.
Muqadimah.
Kawilujengan twin
sih nugrahaning Gusti Allah SWT ingkang maha mirah, mugi tansah lumintu,
lumintir, kajwa kasalira ing panjenengan sedaya lan kula, waradin sagung
keluarga.
Langkung rumiyin,
kula tansah hangunjukaken puji syukur
wonten ngarsa dalem Allah SWT awit paringipun kekiyatan saha kawilujengan,
satemah widada sowan kula sakadang wonten ngarsa panjengan
Bapa............(ingkang kagungan dalem)
Keparenga kula ugi
bade nepangaken, bilih nami kula pun ....(sebat kanthi jangkep) dene punika
kadang kula ..........lan.........(sebat sinten mawon ingkang ndherek kanti
jangkep).
Sowan kula
sakadang, kejawi silaturahmi, ingkang wigati kautus dening panjenenganipun bapa/Ibu..........(ingkang
ngutus nglamaraken kagem putranipun) ingkang lenggah dedalem ing
..........(sebat kanti jangkep alamatipun) :
Ø
sepisan,
ngaturaken salam taklimipun Bapa ..........(ingkang ngutus nglamaraken kagem
putranipun) sakeluarga mugi katur wonten ngarsanipun Bapa ........(ingkang
kagungan dalem) kanthi atur Assalamu’alaikum
wr wb.
Ø
Jangkep
atur kula ingkang angka kalih, inggih awratipun Bapa.... (ingkang ngutus
nglamaraken kagem putranipun) sakeluarga tinangisan putra kakungipun ingkang
paparab mas bagus .........(nami putra ingkang badhe pun lamaraken), ingkang
sampun wonten sambet raos kaliyan putra putri panjenengan ingkang asesilih dyah
ayu ...............(nami ingkang dipun lamar).
Pramila sowan kula rinen ngebun-ebun enjang njejawah
sonten, nglamar putra putri panjenengan nun inggih dyah ayu
...............(nami ingkang dipun lamar).
Menawi Gusti Allah marengaken, saha
wonten keparingipun
Bapa ............(ingkang kagungan putra putrinipun) punapa dene wonten
sarjuning penggalih ingkang putra dyah ayu...............(nami ingkang dipun
lamar). Badhe kasuwun kinarya jatukramanipun nakmas bagus ...........(nami putra
ingkang badhe pun lamaraken).
Salajengipun mugi
wonten keparengipun Bapa ........(ingkang kagungan dalem) kersa paring
wangsulan ingkang gumathok ing dinten menika ugi, kula sanget ngaturaken
agenging panuwun.
Kados namung
mekaten atur kula, menawi wonten patrap saha atur kula ingkang kirang prayogi,
kula nyadong lumunturing sih samodra pangaksami.
Ing wasana, kula
sakadang namung badhe hanampi paring dhawuh panjenengan.
Wassalamu’alaikum
wb. Wb.
Atur Wangsulan Panglamar
(mboten mawi pambuka, awit nerasaken pangandikan ingkang
sampun, cekap salam kemawon)
1.
Menawi dipun adani piyambak ingkang kagungan galem
.Assalamu’alaikum
wr wb.
Bapa ....(nami dhuta panglamar) ingkang tuhu luhur ing
budi.
Kula ngaturaken agenging panuwun awit saking pangandika panjenengan
ingkang rumentah dhateng kula.
Sedaya pangandika panjenengan saged kula tampi kanthi
cetha, pramila :
Paringipun salam taklim saking Bapa ..........(ingkang
ngutus nglamaraken kagem putranipun)
sakelarga kula tampi kanthi suka bingahing manah kanti pangucap
“wassalamu’alaikum wr wb”, salam taklim kula mugi kaaturna dhumaten Bapa ..........(ingkang ngutus
nglamaraken kagem putranipun) dalah keluarga ing .......(pilenggahipun)
kanti “ Assalamu’alaikum we wb”
Wondene Bapa..........(ingkang ngutus nglamaraken kagem
putranipun) kagungan sedya, badhe hamupu yoga kepareng mundhut mantu dateng
anak kula ..............(nami putra putrinipun piyambak) pinangka jatuktamanipun nak
mas...........(nami putra ingkang badhe pun lamaraken), kula namung jumurung
ing karsa.
Sakderengipun kula nglajengaken atur wangsulan, langkung
rumiyin kula badhe tangled rumiyin dumateng ingkang bade nglampahi, nun inggih
...........(nami putrinipun) purun mbotenipun, awit sakmenika jamanipun sampun
benten kaliyan jaman panjenengan saha kula rumiyin ingkang tasih ngugemi menawi
kebo menika ingkang nyusu gudel, ananging jaman samenika jamanipun kebo nusu gudel.
(lajeng ingkang putra dipun timbali, twin dipun tari,
umpami mekaten “piye nduk.... “lsp. cekak aos. Sak sampunipun lajeng dipun
lajengaken anggenipun pangandikan.
Kados anak kula pun ..............(nami putra putrinipun
piyambak) inggih sampun rila ananggapi katresnanipun nak mas ...........(nami putra ingkang badhe pun
lamaraken).
Pramila kula jejering
tiyang sepuh mratelakaken bilih panglamaripun nakmas ...........(nami putra ingkang badhe pun
lamaraken) lumantar panjenengan sampun kula tampi.
Mugi Gusti Allah SWT ngijabahi, satemah sedyatama kalawau
saged kasembadan kanthi kalis ing rubeda, pinaringana lestari pinesthining
jodho.
Salajengipun, baba dinten kaleksananiun gati, prayogi
dipun rembag ing kalodangan sanes.
Mekaten atur kula, mugi atur wangsulan kula kalawau
kaaturna dhateng bapa ..........(ingkang ngutus nglamaraken kagem putranipun) ing
.....(pilenggahipun)
Selajengipun, dhumateng Bapa .....(dhuta panglamar)
Bapa......(kadang sanesipun ingkang ndherek) lsp. Kula aturi sekeca lenggah
kanthi merdikaning penggalih lan mangga kersa angrahabi pasugatan sawontenipun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
2.
Menawi ingkang kagungan galem dipun sulihi dening sanes
.Assalamu’alaikum
wr wb.
Bapa ....(nami dhuta panglamar) ingkang tuhu luhur ing
budi.
Kula .....minangka sulih saking bapa ....................(ingkang kagungan
dalem) saha Ibu .......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem) ngaturaken
agenging panuwun awit saking pangandika panjenengan ingkang rumentah katur dhateng
bapa ....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu ..........
(sisihanipun ingkang kagungan dalem)
Sedaya pangandika panjenengan saged kula tampi kanthi
cetha, pramila :
Paringipun salam taklim saking Bapa ..........(ingkang
ngutus nglamaraken kagem putranipun) sakluarga
sampun dipun tampi kanthi suka bingahing manah kanti pangucap “wa’alaika wassalamu’alaikum
wr wb”, salam taklim saking bapa ....................(ingkang kagungan dalem)
saha Ibu .......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem) mugi kaaturna dhumaten Bapa ..........(ingkang ngutus
nglamaraken kagem putranipun) dalah keluarga ing .......(pilenggahipun)
kanti “ Assalamu’alaikum wr wb”
Wondene Bapa..........(ingkang ngutus nglamaraken kagem
putranipun) kagungan sedya, badhe hamupu yoga kepareng mundhut mantu dateng puta
putrinipun bapa ....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu
.......... (sisihanipun ingkang kagungan dalem) ingkang kagungan asma..............(nami
putra putrinipun piyambak) pinangka
jatuktamanipun nak mas...........(nami putra ingkang badhe pun lamaraken), bapa
....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu .......... (sisihanipun
ingkang kagungan dalem) namung jumurung ing karsa.
Kula minangka sulihipun Bapa....saha
Ibu......sakderengipun nglajengaken atur wangsulan, langkung rumiyin kula bade
matur dumateng ingkang bade nglampahi, nun inggih ...........(nami putrinipun),
purun mbotenipun awit sakmenika
jamanipun sampun benten kaliyan jaman panjenengan saha kula ingkang tasih
ngugemi menawi kebo menika ingkang nyusu gudel, ananging jaman samenika
jamanipun kebo nusu gudel. Bapa
........Saha Ibu.......ugi sampun maklum wontenipun kahanan jaman kasebat.
(lajeng ingkang putra dipun timbali, twin dipun tari,
umpami mekaten “piye nduk.... “lsp. cekak aos. Sak sampunipun lajeng dipun
lajengaken anggenipun pangandikan.
Kados putra putrinipun, pun ..............(nami putra
putrinipun piyambak) inggih sampun rila ananggapi katresnanipun nak mas ...........(nami putra ingkang badhe pun
lamaraken).
Pramila bapa
....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu .......... (sisihanipun
ingkang kagungan dalem) jejering tiyang sepuh mratelakaken bilih panglamaripun
nakmas ...........(nami putra ingkang
badhe pun lamaraken) lumantar panjenengan sampun dipun tampi.
Mugi Gusti Allah SWT ngijabahi, satemah sedyatama kalawau
saged kasembadan kanthi kalis ing rubeda, pinaringana lestari pinesthining
jodho.
Salajengipun, bab dinten kaleksananipun gati, prayogi
dipun rembag ing kalodangan sanes.
Mekaten atur kula, minangka sesulihipun bapa
....................(ingkang kagungan dalem) saha Ibu .......... (sisihanipun
ingkang kagungan dalem) mugi atur wangsulan panglamar kalawau kaaturna dhateng
bapa ..........(ingkang ngutus nglamaraken kagem putranipun) ing .....(pilenggahipun)
Selajengipun, dhumateng Bapa .....(dhuta panglamar)
Bapa......(kadang sanesipun ingkang ndherek) lsp. Kula aturi sekeca lenggah
kanthi merdikaning penggalih lan mangga kersa angrahabi pasugatan sawontenipun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Komentar
Posting Komentar