contoh pambagyaharja gladhen



Assalamu’alaikum wr wb
Muqadimah
           Karaharjan berkah saha rakhmad kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
-  Sagung para ‘alim,sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten
-  Bapa dwija ingkang dahat kinurmatan
- para kadang siswa pawiyatan panatacara twin pamedhar sabda bergada IX Permadani kabupaten Wonosobo, ingkang tansah cinaket ing manah, kinangkeb ing kekadangan saha tinansulan raos pasedherekan rinonce  sekaring katresnan
                       Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken hangonjukaken puja pudyastawa sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, kacihna ingkang sampun mawurahan hangluberaken  sih katrisnanipun ingkang awujud pangayoman, bagas kwarasan, karaharjan, kabagyan saha ombering wekdal, satemah anjalari panjenengan sedaya dalasan kula saget pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi widada kalis ing sakehing durgama, wilujeng rahayu, inggih awit saking menika minangka wedharing raos syukur kanthi pangucap  “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
            Puji sholawat dalah karahayon mugi tansah lumeber dhumateng priyagung paunggulaning manungsa mustikaning bawana nun inggih Rasulullah Muhammad S.A.W dalah kaluarga sumrambah para sahabat, mugi saget lumeber dhumateng sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula ingkang tansah hangantu payung pitulungipun fiddunya wal akhirah. Amin
             Kula ngatururaken sugeng rawuh wonten ngarsa para dwija saha panjenengan sedaya Siswa Pranatacara twin pamedarsabda Permadani Kabupaten Wonosobo kelompok Gladen Wijaya Kusuma.
              Bapa Dwija ingkang dahat kinurmatan dalah para kadang siswa pawiyatan panatacara twin pamedharsabda bergada IX Permadani kabupaten Wonosobo Kelompok Gladhen Wijaya Kusuma, ingkang sulistya ing budi. 
Kula sak keluarga ngaturaken gunging panuwun saking rawuh panjenengan sedaya wonten griya kula ing sonten menika, kula pidados bilih rawuh panjenengan tansah mbeta berkah kautaman kangge kula sakkeluarga, awit saking alelambaran niat kang suci nun inggih niat nambut silaning akramimi, minangka dados margi, ngraketaken, nyupeketaken ing pasrawungan, satemah ndadosaken anggen memitran saha pasedherekan satuhu lestantun wonten bebrayan ing alam sawehung
Dene rawuh panjengengan sedaya, kejawi niat silaturahim kasebat, ugi mbok bilih ngemu wigatos nun inggih netepi punapa ingkang sampun dipun sarujuki bilih wekdal dinten menika kaleres angenipun gladhen mapan wonten panggenan kula.
Kula sanget anggenipun suka parisuka, dene panjenengan sedaya kersa rawuh minangka ngayahi gladhen mapan wonten griya kula.
Mugi tumapaking acara gladhen ing mangke tansah pikantuk pepayunging  Gusti satemah pinaringan gangsar saha gancar samudayanipun.
Mboten supe kula minangka ingkang kapanggenan gladhen hangaturaken gunging pangaksama dumateng panjenengan sedaya awit saking  kirangipun panampi, papan saha kalenggahan ingkang mboten sekeca saha piranti gladhen ingkang sakderma, sarta cupeting saha sepelening sugata, dalasan maneka warna kekirangan anggen nampi panjenengan. Mugi panjenengan sedaya sukalila maringi pangaksama dumareng kula.
Lan ugi, keparenga kula saha keluarga nglenggana nyuwun gunging pangaksama saking kirang trapsila, kirang tata krama, solah bawa ingkang sembrana saha kirang suba sita anggen kula nampi rawuh panjenengan satemah ndamel cuwa kuciwaning penggalih wasana mboten saged ndamel suka renaning penggalih panjenengan.
Pramila saking menika kula hamung sanget ngaturaken jenang sela, sela kang apinda ancala, apuranta cinandhi salam lama.

Sakderengipun mungkasi atur, wasana kula piyambak wondene wonten wijang wijiling wicara, klenta klentinipun tembung, tumpang suhipun basa, saha galap gangsuling ukara, punapa dene sigug wagu kirang tatakrami, nyuwun gunging pangaksama awit mbok bilih anggen kula matur  ndadosaken mboten rena ing penggalih panjenengan sedaya.
Minangka panutuping atur “ ihdinassiratalmustaqim, wabillahitaufik walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”

Komentar

  1. Tiang Shen Biomex, titanium nitride, metal nitride, titanium nitride
    Iron oxide - The iron titanium bicycle oxide in titanium mokume gane titanium oxide is present in Tiang Shen biomex. Tiang Shen biomex is also present snow peak titanium in 바카라 사이트 Tiang Shen titanium wedding bands for men biomex

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Contoh Pambagyaharja ing Acara Halal Bihalal

PAMBAGYAHARJA TANGGAP WARSA

PAMBAGYAHARJA KHITAN + KHATAMAN QURAN