contoh pambagyaharja gladhen
Assalamu’alaikum
wr wb
Muqadimah
Karaharjan berkah saha rakhmad
kagunganipun Gusti Ingkang Maha mirah, mugi tansah lumintu, lumintir, kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin
sagung dumadi, widada niskala lulus raharja
- Sagung para ‘alim,sesepuh saha pinisepuh
ingkang tuhu kinabekten
- Bapa dwija
ingkang dahat kinurmatan
- para
kadang siswa pawiyatan panatacara twin pamedhar sabda bergada IX Permadani kabupaten
Wonosobo, ingkang tansah cinaket ing manah, kinangkeb ing kekadangan saha tinansulan
raos pasedherekan rinonce sekaring
katresnan
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken hangonjukaken
puja pudyastawa sahandhap
pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, kacihna
ingkang sampun mawurahan hangluberaken
sih katrisnanipun ingkang awujud pangayoman, bagas kwarasan, karaharjan, kabagyan saha
ombering wekdal, satemah anjalari panjenengan sedaya dalasan kula saget
pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi widada kalis ing sakehing
durgama, wilujeng rahayu, inggih awit saking menika minangka wedharing raos syukur kanthi pangucap “Alhamdulillahirabbil ‘alamin”
Puji sholawat dalah karahayon mugi
tansah lumeber dhumateng priyagung
paunggulaning manungsa mustikaning bawana nun
inggih Rasulullah
Muhammad S.A.W dalah kaluarga sumrambah para sahabat, mugi saget lumeber
dhumateng sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula ingkang
tansah hangantu payung pitulungipun fiddunya
wal akhirah. Amin
Kula ngatururaken sugeng rawuh wonten ngarsa para dwija saha panjenengan sedaya Siswa Pranatacara twin pamedarsabda Permadani Kabupaten
Wonosobo kelompok Gladen Wijaya Kusuma.
Bapa Dwija ingkang dahat kinurmatan dalah para
kadang siswa pawiyatan panatacara twin pamedharsabda bergada IX Permadani
kabupaten Wonosobo Kelompok Gladhen
Wijaya Kusuma, ingkang
sulistya ing budi.
Kula sak keluarga
ngaturaken gunging panuwun saking rawuh panjenengan sedaya wonten griya kula ing
sonten menika, kula pidados bilih rawuh panjenengan tansah mbeta berkah kautaman
kangge kula sakkeluarga, awit saking alelambaran niat kang suci nun inggih niat
nambut silaning akramimi, minangka dados margi, ngraketaken, nyupeketaken ing
pasrawungan, satemah ndadosaken anggen memitran saha pasedherekan satuhu lestantun
wonten bebrayan ing alam sawehung
Dene rawuh
panjengengan sedaya, kejawi niat silaturahim kasebat, ugi mbok bilih ngemu wigatos
nun inggih netepi punapa ingkang sampun dipun sarujuki bilih wekdal dinten menika
kaleres angenipun gladhen mapan wonten panggenan kula.
Kula sanget
anggenipun suka parisuka, dene panjenengan sedaya kersa rawuh minangka ngayahi gladhen
mapan wonten griya kula.
Mugi tumapaking
acara gladhen ing mangke tansah pikantuk pepayunging Gusti satemah pinaringan gangsar saha gancar samudayanipun.
Mboten supe kula minangka
ingkang kapanggenan gladhen hangaturaken gunging pangaksama dumateng panjenengan
sedaya awit saking kirangipun panampi, papan
saha kalenggahan ingkang mboten sekeca saha piranti gladhen ingkang sakderma, sarta
cupeting saha sepelening sugata, dalasan maneka warna kekirangan anggen nampi panjenengan.
Mugi panjenengan sedaya sukalila maringi pangaksama dumareng kula.
Lan ugi, keparenga kula
saha keluarga nglenggana nyuwun gunging pangaksama saking kirang trapsila,
kirang tata krama, solah bawa ingkang sembrana saha kirang suba sita anggen
kula nampi rawuh panjenengan satemah ndamel cuwa kuciwaning penggalih wasana
mboten saged ndamel suka renaning penggalih panjenengan.
Pramila saking menika
kula hamung sanget ngaturaken jenang sela, sela kang apinda ancala, apuranta
cinandhi salam lama.
Sakderengipun mungkasi
atur, wasana kula piyambak wondene wonten wijang wijiling wicara, klenta
klentinipun tembung, tumpang suhipun basa, saha galap gangsuling ukara, punapa
dene sigug wagu kirang tatakrami, nyuwun gunging pangaksama awit mbok bilih
anggen kula matur ndadosaken mboten rena
ing penggalih panjenengan sedaya.
Minangka
panutuping atur “ ihdinassiratalmustaqim,
wabillahitaufik walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.”
Tiang Shen Biomex, titanium nitride, metal nitride, titanium nitride
BalasHapusIron oxide - The iron titanium bicycle oxide in titanium mokume gane titanium oxide is present in Tiang Shen biomex. Tiang Shen biomex is also present snow peak titanium in 바카라 사이트 Tiang Shen titanium wedding bands for men biomex